Onok wong papat podho gak kenale numpak sepur
Argowilis jurusan Suroboyo Bandung.
Sing pertama ibu-ibu umure sekitar 60an.
Ketokane termasuk keluarga ningrat lek ndhelok pacakane.
Sebelahe ibu-ibu iku onok cewek ayu koyok
covergirl majalah umure sekitar 20an.
Ndhik ngarepe ibu-ibu iku mau onok tentara berseragam dinas, lengkap karotanda jasane. Pokoke berwibawa, umure 50an.
Sebelahe tentara mau onok arek lanang gondrong
umure 25an. Ketokane rocker.
Selama perjalanan, wong papat iku ngobrol
macem-macem. Sampek moro-moro sepure mlebu terowongan athik lampune mati,
dhadhi petengan pol. Wong papat iku malih meneng kabeh.
Gak sui moro-moro onok suoro pipi disun terus
mari ngono suorone wong dikaplok PLAK..!!!. Wis mari ngono sepi maneh.
Sing ibu-ibu iku mau mbatin, ”Wah hebat arek
wedhok sebelahku iki, isok menjaga harga diri, gak gelem diperlakukan sembarangan”.
Sing arek wedhok sebelae yo mbatin pisan, ”Gak
salah tah, sing ngesun mau iku, wong onok arek ayu koyok aku kok malah
nenek-nenek tuwek sing disun”.
Lha sing tentara iku ambek ngusap-ngusap pipine
sing kenek kaplok melok mbatin pisan, ”Jangkrik, gak melok ngesun tapi kenek
kaplok. Dikiro aku pengecut tah, lek aku gelem gak usah ngenteni peteng. Wah
tersinggung aku”.
Arek rocker iku karo ngempet ngguyu melok mbatin pisan, ”Kapan maneh
rek, isok ngaplok kolonel gathik konangan. Padahal sing tak sun mau iku
tanganku dhewe”.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar