Mari kekeselen ngerombeng gak
oleh-oleh, Kayat katene ngaso ngisore witasem, mripate nguantuk, sikile kemeng,
wetenge lue.
Sik tas katene keturon, dhadhak
sikile ngincak botol. Bareng botole dijupuk dhadhak metu beluke, Kayat mencolot
kuaget.
”Hua ha ha ha, jenengku jin
botol, telu panjalukmu bakal tak turuti,” jare jine.
”Gak percoyo aku, paling kon kate
mbujuki aku.
”Lho biyen iku be’e awakmu pethuk
ambek jin kaspo, lha aku iki lak jin apikan tah, dhadhi wis gak usah khawatir.
Opo maneh awakmu wis kadung koyok ngono, gak bakal isok luwih soro maneh, wis tah gak rugi pokoke.
Lek gak percoyo, cobaken dhisik
ae njaluk opo” jare jine maneh.
”Yo wis , awas lek awakmu mbujuki. Tak gibheng
kon !!!. Sing pertama, aku kepingin ndhuwe dhuwik sak karung,” jare Kayat
”Meremo dhiluk..” jare jine.
Ting... Pas melek moro-moro ndhik ngarepe Kayat wis onok dhuwik sak karung, seket ewuan
kabeh.
”Sik gak percoyo tah awakmu,
saiki njaluk opo maneh .. ?” jare jine.
”Saiki .... aku njaluk omah mewah
sak montore, pokoke lengkap sembarange.” jarene Kayat.
”Meremo dhiluk..” jare jine.
Ting... Pas melek moro-moro Kayat
wis nang
njero omah mewah. Kayat sueneng gak karuan.
”Lha saiki kari sithok panjalukmu
sing isok tak turuti, pikiren sing temenan cik gak getun” jare jine.
Ambek merem-merem mbayangno,
Kayat njaluk, ”Aku kepingin kulitku malih putih wudho dirubung wong wedhok
akeh”.
Pas katene melek, samar-samar
Kayat krungu suorone wong wedhok rame ambek keroso awake dicekel-cekel. Tapi
kok mambu iwak pindang, pikire Kayat mulai curiga.
Bareng melek, Kayat kuaget lha
kok wis nang tengah pasar, tibake Kayat wis dhadhi tahu. . .
Tidak ada komentar:
Posting Komentar