Enak-enak turu tengah wengi,
anake cak Srondhol nuangis koyok wong kewedhen.
”Aku ngimpi mbah Kakung mati ...”
jare anake.
”Wis gathik mewek, turuo maneh, iku ngono mek
ngimpi” jare cak Srondhol.
Isuke onok interlokal ngabari lek
Bapake Cak Srondhol kenek serangan jantung, mati.
Minggu ngarepe, anake nangis
maneh tengah wengi. ”Aku ngimpi mbah Putri mati....” jare anake.
”Wis tha percoyo aku, iku ngono mek ngimpi,
age ndhang turuo maneh” jare cak Srondhol.
Menene onok interlokal maneh lek
ibuke cak Srondhol tibo kepleset ndhik jedhing, mati pisan.
”Aku mimpi bapakku mati... ” jare
anake.
”Koen ojok percoyo ambek ngimpi, wis kono turuo maneh”
jare cak Srondhol.
Mari anake turu maneh, genti cak
Srondhol sing gak isok turu. Ketap-ketip, pucet kewedhen dhewe, pas temenan aku
kate mati pikire.
Isuke bojone cak Srondhol genti
sing nangis berok-berok.
”Opoko koen iku isuk-isuk wis mbrebes mili ?” jare
cak Srondhol.
”Iku lho Cak.... bakul bakwan langgananku
mati....”
Tidak ada komentar:
Posting Komentar