Munawar, Sapari ambek Kelik kerjo ndhik pabrik
paralon. Arek telu iki wis
sui koncoan apik, cumak sayang Kelik wonge rodhok ndlahom sitik.
Arek telu iki niteni, ben dino bosse mesti mulih
ndhisiki, jam loro awan ngono wis
amblas.
Sui-sui arek telu iki mangkel kate melok-melok.
”Wis
ngene ae rek, mene lek boss moleh awan, kene yo melok mulih awan pisan” jare
Munawar.
Menene temenan, jam loro awan bosse wis mulih. Langsung ae
arek telu iku melok amblas.
Lek Sapari mek salin thok terus budhal mancing.
Kelik thok sing mulih omah, langsung njujug
kamar. Lawang kamare dibukak alon-alon, karepe kate ngageti bojone.
Dhadhak malah Kelik dhewe sing kaget. Masalae
pas lawange dibukak Kelik ndhelok bojone
lagi turu ambek bosse. Mari ndhelok ngono, Kelik
nutup lawange maneh alon-alon terus minggat.
Menene Sapari ngejak mulih gasik maneh, ”Lumayan
rek aku wingi oleh tombro gedhe-gedhe”.
”Ayok wis ,
aku tak melok kon mancing ae” jare Munawar.
Kelik thok sing gak gelem ”Gak wis , gathik!!!. Kapok aku”.
”Lho opoko kon iku.?” takok konco-koncone.
”Soale wingi aku meh konangan..”
Tidak ada komentar:
Posting Komentar