Sore-sore Sutaji mlebu omah
berok-berok, ambek raine ditutupi. Sak omah melok gupuh kabeh.
Ambek mboke Romlah ditakoki,
"Opoko awakmu iku, pencilakan koyok tandhak bedhes ?"
Sutaji gak langsung njawab, pas tangane
dibukak raine bundhas abang kabeh. Lambene njedhir getien.
Mari diombeni banyu, Sutaji rodhok
adem terus isok cerito ndhik Romlah.
"Ngene lho. Aku lak mari ngandangno wedhuse Bapak
ta. Lha aku krungu akeh arek cilik-cilik
bengok-bengok ambek kotekan ngene..telulas teng teng teng... telulas crek crek
crek... telulas teng teng teng . . . terus ae dibolan-baleni. Tak goleki
suarane tibake ndhik njero gardu hansip.
Tak dhelok gedheke bolong persis sak ndhasku.
Saking penasaran onok opo, gardhune
tak cedaki, tibake suorone tambah
banter... telulas teng teng teng ... telulas crek crek crek ...terus ae.
Tak pikir paling iku arek-arek lagi
totoan. Lagek ae ndhas ku njengongok ndhik bolongan iku mau, moro-moro
arek-arek iku nggepuki raiku ambek kulit duren ,
godhong blarak, sapu, panci gosong, kentes hansip sembarang kalir sampek
bundhas kabeh koyok ngene. Pas aku isok
narik ndhasku, aku langsung plencing, mlayu sipat kuping.
Lha mari ngono arek-arek iku mau
mbengok maneh . .pat belas teng teng teng... pat belas crek crek crek...pat
belas teng teng teng"
Tidak ada komentar:
Posting Komentar