Halaman

Rabu, 25 September 2013

Nostalgia

Pas wayahe bulan purnama, Muntiyadi ngejak Romlah ngelencer nostalgia numpak bronpit.
Mari ngono, arek loro iku tekan mburine pabrik paku.
”Dik, yok opo lek awake dhewe mbaleni lakon limang taun kepungkur pas pacaran biyen ?” jare Muntiyadi.
”Iyo cak, setuju.” jare Romlah.
Mari ngono, Romlah dilungguhno ndhik pager wesi mburine pabrik paku iku. Terus ambek Muntiyadi, Romlah dijak indehoi koyok jamane pas pacaran biyen.
Moro-moro, Romlah lunjak-lunjak ambek awake horeg kabeh. Ndelok bojone giras ngono, Muntiyadi tambah semuangat.
Wis oleh rong ronde, akhire arek loro iku nggeblak ceblok ndhik suket.
”Waduh dik, awakmu kok cik girase ” jare Muntiyadi.
”Iyo cak, limang taun kepungkur, pager wesine gak onok setrume. .”

Wedhi karo bojo

Mari pegatan muntiyadi terus rujukan maneh karo romlah
Masalahe muntiyadi cinta pol karo romlah.
Kapanane ndek kesatuanne muntiyadi, tentara diperintah baris. Tapi komandan njaluk barisanne dibagi loro.
Barisan sing pertama tentara sing wedi karo bojone. Barisan sing kedua tentara sing gak wedi karo bojone.
Pas komandan ngecek barisan. Barisan sing pertama akeh pol. . . Barisan sing kedua cuman siji yo muntiyadi
Komandanne takok nang muntiyadi: Opo’o peno kok gak wedi karo bojo.
”Lho aku iki ndek barisan kedua, dikongkon karo bojoku” Jare muntiyadi.

Mo Limo (bag 2)

Mari nilep dhuwik makelaran , akhire Bunali pindah omah nang luar kota golek ketenangan. Dhuwike ditukokno omah ndhik walike gunung kemukus. Ndesone pancen suepi gak onok wong blas.
Paling banter Bunali metu tuku kebutuhan sakwulan pisan, sisane yo wis ndhik omah dhewekan gak onok sing ngeriwuki. Pokoke uripe tenang dan damai gak onok sing ngganggu maneh. Sui-sui sakjane Bunali yo kroso kesepian.
Kiro-kiro wis rong sasi, pas enak-enak nyruput kopi sore-sore moro-moro onok wong sing dhodhok omahe Bunali.
”Kulo nuwun, kenalno jenengku Wonokairun, omahku kiro-kiro rong kilo seko kene. Aku katene ngundang sampeyan mangan-mangan ndhik omahku jam pitu bengi. ”. jare tamune Bunali.
”Wah ketepakan, aku wis sui gak gumbul wong maneh. Yo wis aku tak mrono. ” jare Bunali sueneng. Mari ngono Wonokairun pamit.
Pas katene metu lawang, Wonokairun mbalik maneh, ”Aku meh lali, engkok onok ngombe-ngombe bir pisan.”
”Wah gak masalah, aku wis biasa ngombe” jare Bunali.
Jik tas mlaku, Wonokairun mbalik maneh, ”Aku meh lali maneh, engkok onok sabu-sabu pisan, tapi ojok rame-rame lho yo”.
”Lho ketepakan iku, aku wis sui gak nyabu maneh,” jare Bunali maneh.
Wis tekan pekarangan, dhadhak Wonokairun mbalik maneh, ”Sampeyan seneng gendhakan pisan tah gak ?”
”Opo maneh gendhakan, aku wis rong wulan nganggur, yo mesti ae arep rek. ” Bunali tambah giras mbayangno.
”Yo wis tak enteni ” jare Wonokairun.
”Lho Mbah, aku kudhu nganggo klambi opo, batikan tah sarungan thok ? ” takok Bunali.
”Sak karepmu !. Wong mek onok awakmu karo aku. . .”

Rabu, 05 Juni 2013

ASI

Yuk Jah lungo nang dokter anak ambek nggendhong bayek. Gak sui Yuk Jah diceluk mlebu, tibake doktere guanteng.
Mari merikso bayeke, doktere takok nang Yuk Jah, ”Ning, arek iki ngombe ASI opo susu botol ?”
”ASI pak dokter . . .” jare Yuk Jah.
”Wah lek ngono tulung aku prelu merikso susu sampeyan, ” jare doktere.
Yuk Jah nurut, klambine dibukak. Mari ngono ambek doktere diperikso alon-alon. Yuk Jah seneng ae, soale enak ambek doktere kan ganteng pisan.
Wis mari merikso, doktere ngomong ngene, ”Waduh Ning, yo pantes bayek sampeyan kuru, wong sampeyan iku gak ndhuwe susu.”
Jare Yuk Jah, ”Dhudhuk aku sing nyusoni pak dokter ”.
”Lha sopo maneh lho ? .” doktere bingung.
”Aku iki ewange . .”

Asmun

Bunali lagi kulak sandal nang pasar. Moro-moro onok arek marani Bunali.
”Lho sampeyan iki Asmuni Srimulat yo?” takok arek mau.
”Dhudhuk !. Ngawur ae.!!” jarene Bunali.
”Ojo mbujuki aku tah.     Sampeyan mesti Asmuni!” jarene arek mau ngeyel.
Bolak-balik Bunali negesno lek dheke dhudhuk Asmuni Srimulat, tapi arek mau tetep ae ngotot gak percoyo. Ndhik endhi ae Bunali ditututi ambek arek iku mau.
Mergo mangkel, akhire Bunali ngiyakno, cik arek iku ndang ngalih.
”Yo wis tak akoni aku pancene Asmuni Srimulat!. Kate lapo kon !!”
”Tapi kok gak mirip blas yo?” jare arek mau ambek nginclik.

Drakula

Onok drakula loro jenenge Kentus ambek Kentir Arek loro iki wis sak wengi gentayangan golek mbun-mbunan gak oleh-oleh.
Wis meh katene isuk Kentir mbalik atik lambene abhang kabeh belepotan getih.
Ndhelok ngono, Kentus malih purik, ”Waduh awakmu kok isok oleh getih akeh ?”.
”Awakmu kepingin tah ?. Ayo melok aku !!! ” jare Kentir.
Mari ngono arek loro iku miber bareng. Gak sui terus anjlok ndhik wuwungane bangunan.
”Awakmu kethok cagak gendero ndhik ngisor iku ?” takok Kentir.
”Yo kethok rek !! Sing cedhake pos satpam iku se ,” jare kentus.
”Wah hebat awakmu . .” jare Kentir.
”Lho opoko masalae ? ” takok Kentus.
”Soale aku mau gak kethok . .” jare Kentir.

Diuber celeng

Sore-sore mari mulih angon, Bunali pethuk ambek Brudin.
”Waras ta !! ” jare Brudin ndhik Bunali.
”Waduh dino iki aku meh mati disruduk celeng ” jare Bunali.
”Lho kok isok ngono, yok opo ceritone ?” jare Brudin.
”Mau awan iku aku pethuk celeng, terus tak garai, tak kileni ambek pring dhadhak nguamuk. Aku diuber-uber katene disrudhuk, untunge iku celenge bolak-balik tibo kepleset, dhadhi aku sempet menek wit klopo”.jare Bunali.
”Waduh cik sereme, lek aku sing ngalami wis pucet kepuyuh-puyuh gak karuan” jare Brudin.
”Lho, aku iyo ngono, kon pikir celenge kepleset opo ?”

Mo Limo

Mari dikelamuti pedhet, Togog dilapurno nang polisi ambek bapake Romlah.
Ambek polisine Togog terus dilebokno penjara.
Tibake penjarane wonge sangar-sangar, brewokan, dempal-dempal akeh tatone.
Isine kiro-kiro satus, onok preman, jagal, bromocorah, korak lan sak panunggalane.
Togog malih wedhi, opo maneh durung tau mlebu penjara.
Pas wayahe antri mangan, Togog mulai oleh konco.
"Awakmu wong anyar yo ?" jare konco anyar iku.
"Iyo . . ." jare Togog.
"Wis gak usah pusing, ndhik penjara iku malah enak. Mangan ditanggung, klambi dijatah, turu gak mbayar.
Opo maneh ndhik penjara iki awakmu isok nglakoni sing jenenge Mo Limo sak tuwukmu." jare koncone Togog.
"Lho cik enake.  Opo ae acarane ndhik kene ? takon Togog.
"Bengi iki malem Senen, acarane maling.  Kabeh Napi ndhik kene saling copet-copetan.  Lha dhuwike bakal digawe main malem Seloso sisuk.
Awakmu arek anyar kudhu isok nyopet dhuwik sing akeh, mergone biasane arek anyar sing dikongkon dhadhi bandare ", jare koncone Togog.
"Oo gak masalah iku, ndhik kampung aku tau dhadhi bandar buntutan.  Tapi lek digerebeg polisi yok opo ?" jare Togog.
"Katene digerebeg yok opo maneh, wong awakmu wis ndhik penjara. Lha malem Rebone iku acarane minum.  Biasane arek anyar koyok awakmu dikongkon ngentekno bir limang botol", jare koncone Togog.
"Oo gak masalah iku, sepuluh botol ae sik kuat aku" jare Togog.
"Mari ngono, malem Kemise iku acarane madhat.  Pokoke sembarang onok, ganja, sabu-sabu, heroin, sak tuwukmu", jare koncone Togog.

"Wah tepak wis, lek aku senenge sabu-sabu.  Tapi lek kecekel polisi yok opo ?", jare Togog.
"Lek awakmu nyabu ndhik hotel, pasti digerebeg terus dilebokno penjara.  Lha wong awakmu wis ndhik penjara, katene dilebokno endhi maneh.  Wis tah, pokoke aman." jare koncone Togog.
"Wah sip lek ngono.  Lha malem Jum'at acarane opo ? jare Togog.
"Awakmu homo tah dhudhuk ?" takon koncone Togog.
"Ngawur ae, aku iki normal rek !!! " jare Togog.
"Wah berat iki cak ", jare koncone Togog.
"Lho opoko masalae ? " takon Togog.
"Soale malem Jum'at, malem Sabtu ambek malem minggu iku acarane madhon.  Lha biasane arek anyar iku sing dhadhi wedhoke ".

Pramugari SUROBOYO AIRLINES

"Isuk poro penumpang.
Engkok lek motomu pedhes, opo kupingmu kroso kophok'en, ndang untal'en permen'e yo..

... Engkok ben blai slamet, tulung delok'en iki, yak opo carane masang sabuk.
Yok opo ngancinge ben gak coplok, ben kenceng, yok opo carane nyoplok..

klambi plampung ono ndhek ngisor kursimu, ojok mbok nggo sik, enten'ono Pakdhe Kapiten ngekek'i woro2..
Iko ojok mbok pindah2, opo maneh mbok gowo muleh, nggo mbok pajang dhek ruang tamu,
Timbang tak pancal ndhiasmu ngarep mburi kiwo tengen..
Ngerti gak ?!

Iko nggo klambi plampung'e, lebokno lewat tholok, kancing'en sabuk'e nok ngarep.
Ojok kekencengen, engkok bingung gak isok ambegan....
Iko isok mbok sebul, sing penting ababmu gak mambu batang tekos...

Ben isok ngambang ndhek mbanyu, tarik'en penthil2an werno abang mbranang jambu bol iko.
Eling, tariken dhek njobo psawat, ngko gak isok metu nek ndhok njero...
Mlembung gede jehhh, lawange gak sedeng, mesti nyantol'e...

Nek meh metu tekan pesawat, antri yo, baris koyok sowang2an, holopis kuntul baris, diikk...

Nek ambegan'e wis mulai angel iko masker oksigen ceblok dewe tekok nduwur'e ndhiasmu, kop warna kuning2 iko nggon'en.
Wong sitok, sitok ae..
Ojok rebutan pekk, ngisin2i rek...

Kertu petunjuk darurat ono ndhek sak kursi ngarepmu, woco'en yo.
Ojok diapalno ngkok mbledosh mbun2anmu...

Wis ngono sek
Ɣªªªãå pakdhe, mbokdhe, paklek, bulek, cak, ning, tole, wuk.
Ojok prengesan, ojok pecicilan, opo maneh sampe mentelengi pupu mulusku, timbang tak suaduk gingsulmu... modhiar ko-en.

O î
Ɣ☺...
Nek ape moco2 pencet'en petekan nok nduwurmu iko.
Iko nggo nguripno lampu.
Ngerti gak ?? Lak gk ngerti sentrong'en sentolop ae wocoan'e, ok tel..

Selamat miber nggo Suroboyo Airlines".