Halaman

Rabu, 25 September 2013

Nostalgia

Pas wayahe bulan purnama, Muntiyadi ngejak Romlah ngelencer nostalgia numpak bronpit.
Mari ngono, arek loro iku tekan mburine pabrik paku.
”Dik, yok opo lek awake dhewe mbaleni lakon limang taun kepungkur pas pacaran biyen ?” jare Muntiyadi.
”Iyo cak, setuju.” jare Romlah.
Mari ngono, Romlah dilungguhno ndhik pager wesi mburine pabrik paku iku. Terus ambek Muntiyadi, Romlah dijak indehoi koyok jamane pas pacaran biyen.
Moro-moro, Romlah lunjak-lunjak ambek awake horeg kabeh. Ndelok bojone giras ngono, Muntiyadi tambah semuangat.
Wis oleh rong ronde, akhire arek loro iku nggeblak ceblok ndhik suket.
”Waduh dik, awakmu kok cik girase ” jare Muntiyadi.
”Iyo cak, limang taun kepungkur, pager wesine gak onok setrume. .”

Wedhi karo bojo

Mari pegatan muntiyadi terus rujukan maneh karo romlah
Masalahe muntiyadi cinta pol karo romlah.
Kapanane ndek kesatuanne muntiyadi, tentara diperintah baris. Tapi komandan njaluk barisanne dibagi loro.
Barisan sing pertama tentara sing wedi karo bojone. Barisan sing kedua tentara sing gak wedi karo bojone.
Pas komandan ngecek barisan. Barisan sing pertama akeh pol. . . Barisan sing kedua cuman siji yo muntiyadi
Komandanne takok nang muntiyadi: Opo’o peno kok gak wedi karo bojo.
”Lho aku iki ndek barisan kedua, dikongkon karo bojoku” Jare muntiyadi.

Mo Limo (bag 2)

Mari nilep dhuwik makelaran , akhire Bunali pindah omah nang luar kota golek ketenangan. Dhuwike ditukokno omah ndhik walike gunung kemukus. Ndesone pancen suepi gak onok wong blas.
Paling banter Bunali metu tuku kebutuhan sakwulan pisan, sisane yo wis ndhik omah dhewekan gak onok sing ngeriwuki. Pokoke uripe tenang dan damai gak onok sing ngganggu maneh. Sui-sui sakjane Bunali yo kroso kesepian.
Kiro-kiro wis rong sasi, pas enak-enak nyruput kopi sore-sore moro-moro onok wong sing dhodhok omahe Bunali.
”Kulo nuwun, kenalno jenengku Wonokairun, omahku kiro-kiro rong kilo seko kene. Aku katene ngundang sampeyan mangan-mangan ndhik omahku jam pitu bengi. ”. jare tamune Bunali.
”Wah ketepakan, aku wis sui gak gumbul wong maneh. Yo wis aku tak mrono. ” jare Bunali sueneng. Mari ngono Wonokairun pamit.
Pas katene metu lawang, Wonokairun mbalik maneh, ”Aku meh lali, engkok onok ngombe-ngombe bir pisan.”
”Wah gak masalah, aku wis biasa ngombe” jare Bunali.
Jik tas mlaku, Wonokairun mbalik maneh, ”Aku meh lali maneh, engkok onok sabu-sabu pisan, tapi ojok rame-rame lho yo”.
”Lho ketepakan iku, aku wis sui gak nyabu maneh,” jare Bunali maneh.
Wis tekan pekarangan, dhadhak Wonokairun mbalik maneh, ”Sampeyan seneng gendhakan pisan tah gak ?”
”Opo maneh gendhakan, aku wis rong wulan nganggur, yo mesti ae arep rek. ” Bunali tambah giras mbayangno.
”Yo wis tak enteni ” jare Wonokairun.
”Lho Mbah, aku kudhu nganggo klambi opo, batikan tah sarungan thok ? ” takok Bunali.
”Sak karepmu !. Wong mek onok awakmu karo aku. . .”