Halaman

Senin, 24 Februari 2014

Bajak Laut

Muntiyadi pethuk ambek Gempil koncone sing dines ndhik angkatan darat.
Tibake Gempil iku saiki sikile sing kiwo yo dingklang pisan, ambek tangane sing tengen tibake yo tughel digenti cathoke bakul beras. Sing luwih nemen maneh, motone gempil kari sing kiwo. Moto sing tengen wis cumplung ditutupi kain ireng malih koyok bajak laut.
”Lho Mun, sikilmu opoko ? ” takok Gempil.
Mari ngono Muntiyadi cerito pengalamane kijolan sikile wong wedhok.
”Lha awakmu opoko kok mreteli pisan ?” Muntiyadi genti takok nang Gempil .
”Pas aku patroli nang Aceh, sikilku ngincak granat, langsung puthul.
Pas iku onoke sikile sapi, berhubung aku gak gelem, akhire yo ngene sikilku dhadhi mek sithok”.
”Waduh cik apese nasipmu, lha tanganmu opoko kok digenti cathoke beras ?” takok Muntiyadi maneh.
”Mari sikilku tughel iku mau, aku dirawat ndhik barak.
Moro-moro barakku dibom ambek mungsuh, kenek tanganku, langsung tughel.
Pas iku onoke cathoke beras, timbangane gak onok blas, akhire aku gelem. ” jarene Gempil maneh.
”Wah kayal thok kon iku, lha motomu opoko kok cumplung pisan ?
Kelilipen granat tah ?” takok Muntiyadi maneh.
”Oo iku seje ceritone. Enak-enak cangkruk nyeritakno pengalamanku iku mau, moro-moro onok manuk nembeleki mripatku ”. jare Gempil.
”Wah kon iku tambah ngawur thok ae, lha mosok ditembeleki manuk isok motone cumplung”. Muntiyadi mulai gak percoyo.
”Lho iku dhudhuk mergo tembelek manuk” jare Gempil.
”Lho opoko ?” takok Muntiyadi. ”Iku pas dino pertama aku nggawe cathok beras”.

Tidak ada komentar: