Halaman

Rabu, 05 Juni 2013

Drakula

Onok drakula loro jenenge Kentus ambek Kentir Arek loro iki wis sak wengi gentayangan golek mbun-mbunan gak oleh-oleh.
Wis meh katene isuk Kentir mbalik atik lambene abhang kabeh belepotan getih.
Ndhelok ngono, Kentus malih purik, ”Waduh awakmu kok isok oleh getih akeh ?”.
”Awakmu kepingin tah ?. Ayo melok aku !!! ” jare Kentir.
Mari ngono arek loro iku miber bareng. Gak sui terus anjlok ndhik wuwungane bangunan.
”Awakmu kethok cagak gendero ndhik ngisor iku ?” takok Kentir.
”Yo kethok rek !! Sing cedhake pos satpam iku se ,” jare kentus.
”Wah hebat awakmu . .” jare Kentir.
”Lho opoko masalae ? ” takok Kentus.
”Soale aku mau gak kethok . .” jare Kentir.

Tidak ada komentar: