Halaman

Rabu, 25 September 2013

Mo Limo (bag 2)

Mari nilep dhuwik makelaran , akhire Bunali pindah omah nang luar kota golek ketenangan. Dhuwike ditukokno omah ndhik walike gunung kemukus. Ndesone pancen suepi gak onok wong blas.
Paling banter Bunali metu tuku kebutuhan sakwulan pisan, sisane yo wis ndhik omah dhewekan gak onok sing ngeriwuki. Pokoke uripe tenang dan damai gak onok sing ngganggu maneh. Sui-sui sakjane Bunali yo kroso kesepian.
Kiro-kiro wis rong sasi, pas enak-enak nyruput kopi sore-sore moro-moro onok wong sing dhodhok omahe Bunali.
”Kulo nuwun, kenalno jenengku Wonokairun, omahku kiro-kiro rong kilo seko kene. Aku katene ngundang sampeyan mangan-mangan ndhik omahku jam pitu bengi. ”. jare tamune Bunali.
”Wah ketepakan, aku wis sui gak gumbul wong maneh. Yo wis aku tak mrono. ” jare Bunali sueneng. Mari ngono Wonokairun pamit.
Pas katene metu lawang, Wonokairun mbalik maneh, ”Aku meh lali, engkok onok ngombe-ngombe bir pisan.”
”Wah gak masalah, aku wis biasa ngombe” jare Bunali.
Jik tas mlaku, Wonokairun mbalik maneh, ”Aku meh lali maneh, engkok onok sabu-sabu pisan, tapi ojok rame-rame lho yo”.
”Lho ketepakan iku, aku wis sui gak nyabu maneh,” jare Bunali maneh.
Wis tekan pekarangan, dhadhak Wonokairun mbalik maneh, ”Sampeyan seneng gendhakan pisan tah gak ?”
”Opo maneh gendhakan, aku wis rong wulan nganggur, yo mesti ae arep rek. ” Bunali tambah giras mbayangno.
”Yo wis tak enteni ” jare Wonokairun.
”Lho Mbah, aku kudhu nganggo klambi opo, batikan tah sarungan thok ? ” takok Bunali.
”Sak karepmu !. Wong mek onok awakmu karo aku. . .”

Tidak ada komentar: