Mari ngunci kandang sapi, Sutaji mergoki onok arek menek ondho katene
mlebu kamare Romlah.
Ambek Sutaji, ondhone digedrok-gedrok sampek malinge ceblok.
Mari ngono, malinge diseret dilebokno kandang ndhik mburi omah.
Mari klambine dicopoti kabeh, malinge iku mau dicancang nang cagak.
"Kapokmu kapan !!, mene isuk tak lapurno juraganku, saiki turuo ae
sing kepeNak" jare Sutaji.
Isuke Sutaji ngejak bapake Romlah marani maling sing dicancang Sutaji.
Bareng diparani tibake malinge semaput, awake pucet, peok, ambune basin,
ambek dhodhone abhang kabeh.
"Lho Ji, iki Na Togog sing mbiyen nginceng anakku. Waduh saknone arek iki Ji, mari kon kelamuti
tah Ji ?".
"Lha lapo aku ngelamuti maling !!!, sampeyan takokno dhewe Nang
areke".
Mari diguyang banyu, malinge tangi maneh.
"Opoko kon iku Le?" jare Bapake Romlah.
"Ampun Pak... sak wengi aku bengok-bengok gak onok sing
nulungi. Pedhet sampeyan iku gak onok
mboke tah ?".
Tidak ada komentar:
Posting Komentar