Sore-sore mari udhan, Wonokairun mancing nang got cilik
ndhik ngarepe warunge Mbok Ten.
Ambek rokokan klobhot, Wonokairun ndhodhok sarungan
nyekeli pancinge.
Wong-wong sing katene andhok mesti ndhelok Wonokairun.
Onok sing sakno, onok sing kudhu ngguyu, onok sing ngiro
wong gendheng yo onok sing cuek ae.
Gak sui Bunali teko katene andhok pisan. Bareng ndhelok Wonokairun koyok ngono
langsung gak mentolo.
"Mbah, ayok melok aku mangan, wis tah tak bayari ojok kawatir. " jare
Bunali.
Pertama Wonokairun isin-isin gak gelem, tapi mari
dibujuk-bujuk akhire gelem.
"Sampeyan pesen panganan opo ae sak senenge,"
jare Bunali.
Mari mangan warek, Bunali ngejak Wonokairun ngobrol.
"Sampeyan mancing ndhik peceren kono mau mosok onok
iwake ?" takok Bunali.
"Yo onok rek !! Lek gak, lha lapo tak belani
ndhodhok sarungan sak uwen-uwen. " jare Wonokairun.
"Mosok se Mbah.
Wis
oleh iwak piro Sampeyan ?" jare Bunali gak percoyo.
"Awakmu sing ke limo . . ."
Tidak ada komentar:
Posting Komentar