Wonokairun lagi blonjo ndhik minimarket cedhak omahe.
Sing dituku tibake daging kalengan gawe pakane kucing.
Pas katene mbayar, Wonokairun ditakoni kasire.
"Mbah, lek sampeyan katene tuku pakan kucing iki, sampeyan kudhu
mbuktekno lek sampeyan iku ndhuwe kucing.
Aku khawatir lek tibake pakan kucing iki sampeyan emplok dhewe. "
jare Bunali, kasire.
Wonokairun gak protes, mulih diluk, mbalike nggendhong kucing dipamerno
ndhik Bunali.
"Iki kucingku " jare Wonokairun ambek mbayar daging kalengan
gawe kucinge.
Pas katene mbayar, ditakoni maneh ambek Bunali.
"Mbah, sampeyan ndhuwe asu tah ?. Aku khawatir lek tibake pakan asu
iki sampeyan emplok dhewe. " jare Bunali, kasire.
Wonokairun gak protes, mulih diluk, mbalike nuntun asu dipamerno ndhik
Bunali.
"Iki asuku " jare Wonokairun ambek mbayar biskuit balung gawe
asune.
Sisuke Wonokairun teko maneh ndhik minimarket, saiki nenteng kardus
bekase indomi sing pinggire dibolongi sak driji.
"Mbah, sampeyan katene tuku pakane ulo tah ? " jare Bunali.
"Iki isine dhudhuk ulo.
Cobaken tanganmu lebokno kene lek pingin ngerasakno. Wis
tah tak jamin gak bakal nyatek. " jare Wonokairun.
Pertama Bunali rodhok wedhi, tapi mari dibujuk Wonokairun akhire Bunali
kendhel. Drijine dilebokno ndhik
bolongane kerdus.
Tibake njerone onok gembuk-gembuke.
Pas drijine ditarik maneh, ambune malih gak whuenak.
Bunali misuh-misuh gak karuan, " Damput, ancene wong dhobhol, lha
laopo aku sampeyan kongkon ndhemok tembelek."
"Saiki, oleh tah aku tuku tisu kamar mandi ? ".
Tidak ada komentar:
Posting Komentar