Sore-sore Wonokairun nangis gerung-gerung ndhik pinggir embong ambek
napuki sirahe.
Gak sui Bunali liwat, begitu ndhelok onok wong tuwek nangis langsung
mandhek nakoni.
"Mbah, laopo sampeyan nangis ndhik pinggir embong ?" takok
Bunali.
"Aku ndhuwe bojo anyar ndhik omah, sik tas ae tak rabi, umure 20
taun, sik enom, ayu, semlohe. " jare Wonokairun ambek nangis.
"Lho lak enak se sampeyan, laopo kok nangis lho ?. " Bunali
mulai bingung.
"Ngene lho cak, wis
ayu, bojoku iku yo pinter masak. Opo ae
kari njaluk, jangan asem, rawon, brengkes, sembarang sing enak-enak pokoke.
" jare Wonokairun.
"Lha kurang opo maneh sampeyan Mbah.
Ngono kok sik mewek ae. " Bunali tambah bingung.
"Mari ngono yo, bojoku iku setia pol ambek aku. Lek onok sing
nggudho langsung dikandhakno aku. " jare Wonokairun maneh.
"Lek ngono ceritane, lha terus opoko sampeyan kok nangis gerung-gerung
gak mari-mari ?" Bunali wis
gak sabar meneh.
"Masalae aku lali ndhik endhi omahku . . . ."
Tidak ada komentar:
Posting Komentar