Wonokairun tuku rinso ndhik tokone Bunali.
“Mbah, kok dengaren sampeyan umbah-umbah
dhewe ?” takok Bunali.
“Aku katene ngumbah kucing” jare Wonokairun.
“Gak salah tah Mbah.” Bunali bingung.
“Iyo soale kucingku akeh tumane.” Jare
Wonokairun.
“Wah yo isok mati kucing sampeyan Mbah”
Bunali ngilingno.
“Lho koncoku wingi ngono, yo gak
opo-opo” jare Wonokairun.
Mari mbayar, Wonokairun mulih katene ngumbah
kucinge.
Sisuke, Wonokairun teko maneh ndhik tokone
Bunali kate tuku rokok.
“Yok opo kucing sampeyan Mbah ?” takok
Bunali.
“Kucingku mati “ jare Wonokairun.
“Lho lak temen tah. Sampeyan iku tak kandhani gak percoyo. Laopo kucing atik diumbah ambek rinso, wong
onok obat tumo” jare Bunali nyeneni.
“Kucingku mati gak mergo rinso” jare
Wonokairun njelasno.
“Opoko lho ??” Bunali gak sabar.
“Tak peres . . . .”
Tidak ada komentar:
Posting Komentar