Sumar lagi enak-enak nontok bal-balan ndhik
tv, moro-moro bojone ngeriwuki
"Cak, lampu terase pedhot, tulung
pasangno sing anyar po'o".
"Masang lampu ?!!!. Kon kiro aku iki
PLN tah...!!! " jare Sumar muring-muring.
"Yo wis lek gak gelem, ngene ae cak, tulung
benakno kran banyu ndhik jeding po'o cak, eman banyune amber-amber" takok
bojone maneh.
"Mbenakno kran ?!!!. Kon kiro aku iki
PDAM tah ...!!! " jare Sumar ambek menteleng.
"Lengo gase yo entek pisan cak, lek
sampeyan tuku rokok aku tulung tukokno pisan po'o cak.."
"Dikandani jek nambeng ae arek iki, kon
kiro aku iki PERTAMINA tah ..!!! " Sumar tambah mangkel.
Mergo mangkel diriwuki terus, Sumar minggat
nontok bal-balan ndhik omah koncone.
Mulih jam loro isuk, Sumar kaget terase wis padhang. Pas wisuh ndhik jeding banyune yo wis gak amber maneh.
Sumar yo ndhelok lek jerigen lengo gase wis diisi full.
Isuke Sumar takok ambek bojone sopo sing
nulungi.
"Ngene lo cak, mari sampeyan minggat
mau, aku nuangis ndhik ngarep omah. Mari ngono onok arek lanang ngganteng
teko. De'e takok opoko kok nangis. Aku
yo cerito lek lampuku pedhot, kranku bocor,lengo gasku entek, bojoku
purik. Lha de'e nawakno kate nulungi
cumak onok sarate.... " bojone cerito.
"Opo sarate ?" Sumar mulai curiga.
"Sarate iku aku isok milih, nggawekno
roti utowo nglencer karo de'e " jare bojone.
"Lha terus kon nggawekno roti opo..?
" Sumar takok maneh.
"Nggawekno roti ?!!!.
Kon kiro aku iki Pabrik Roti tah !!!..."
Tidak ada komentar:
Posting Komentar